Tembung sing arupa tembung andhahan ditulis gandheng/sambung karo ater-ater, seselan, lan panambang, utawa gabungan ater-ater lan panambang. Tuladha: a. kokgawa, dakmangan, nggawa, gumuyu, pinilih, nyinaoni b. ngalap berkah, ngadi salira
Tembung siji arupa tembung lingga ditulis madeg dhewe utawa pisah saka tembung-tembung liyane. Gampange sing diarani tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. Tuladha: a. Agus tuku rujak cingur. b. Ibu tindak dhateng peken.